Njupuk Sandal


Wes seminggu Broden kedahoyan Morotuwo tersayang, mulane Romlah bojone sampek ora kober nyayang bojone. Broden dadi kumat usile, moleh subuhan sandale morotuwo di singitno.

Morotuwo (M) : "Nak  sandalku kok ora ono  nang endi seeh ??"
Broden (B) : "Kados diringkesi Romlah Bu" jawabe Broden sopaaan tapi gorohh
M : "Tulung jalukno Nak ... ibu arep mlaku2"

B : "Inggih sekedap ... " Brodin langsung thimik2 marani bojone karo cengengesan.
     "Dik jare Ibu aku dikongkon ngambung awakmu !".
Romlah (R) : "Helehh gak mungkin ... wes engko2 ae sik ribet iki" Brodin mrengut.
B : "Bu .... mboten angsal !" Rodok mbengok cik morotuwone krungu.
M : "Romlaaah cepeet !!"
B :  "Kandani koook ..." Broden langsung ngambung bojone .. cruuups.
    "Lah sijine dhek ..."
R : "Helehh wes wes gak usah !"
B : "Buu .. mboten angsaall !"
M : "Romlaaaaah ... selak awan iki !!!"
Cruups .. criuups .. cruuiipsss
Bojone diambungi mubeng trus ndang2 ngalih njupuk sandale morotuwo  karo cengingisan .....



Deeen Brodeeen .... karepmu dewee

Postingan populer dari blog ini

NJUPUK SANDAL