NJUPUK SANDAL



Wes seminggu Broden kedahoyan Morotuwo tersayang, mulane Romlah bojone sampek ora kober nyayang bojone. Broden dadi kumat usile, moleh subuhan sandale morotuwo di singitno.

Morotuwo (M)    : "Nak  sandalku kok ora ono  nang endi seeh ??"
Broden (B)        : "Kados diringkesi Romlah Bu" jawabe Broden sopaaan tapi gorohh
M         : "Tulung jalukno Nak ... ibu arep mlaku2"
B          : "Inggih sekedap ... " Brodin langsung thimik2 marani bojone karo cengengesan.
               "Dik jare Ibu aku dikongkon ngambung awakmu !".
Romlah (R) : "Helehh gak mungkin ... wes engko2 ae sik ribet iki" Brodin mrengut.
B          : "Bu .... mboten angsal !" Rodok mbengok cik morotuwone krungu.
M         : "Romlaaah cepeet !!"
B          :  "Kandani koook ..." Broden langsung ngambung bojone .. cruuups.
               "Lah sijine dhek ..."
R          :  "Helehh wes wes gak usah !"
B          :  "Buu .. mboten angsaall !"
M         :  "Romlaaaaah ... selak awan iki !!!"
   Cruups .. criuups .. cruuiipsss
Bojone diambungi mubeng trus ndang2 ngalih njupuk sandale morotuwo  karo cengingisan .....


Deeen Brodeeen .... karepmu dewee